Minggu, 06 Juli 2014

Paper Tentang Unggah-Ungguh Bahasa Jawa

TUGAS BAHASA JAWA
“Paper Tentang Unggah-Ungguh Bahasa Jawa”
Disusun Guna Memenuhi Tugas Mata Kuliah Bahasa Jawa
Dosen Pengampu : Bu Erna

Disusun Oleh:
ROCHMAT TONY PRASETYO (A510120194)

PENDIDIKAN GURU SEKOLAH DASAR
FAKULTAS KEGURUAN DAN ILMU PENDIDIKAN
UNIVERSITAS MUHAMMADIYAH SURAKARTA
TAHUN 2014

UNGGAH-UNGGUH BASA JAWI
A.      Pangertosan
Unggah-ungguh ugi asring kasebat undha usuk, tingkat tutur, tingkat ujaran, utawi speech level (basa Inggris). Unggah-ungguh tegesipun tata pranataning basa miturut lungguhipun tatakrama.

B.       Panganggenipun Basa Jawi
Inggih menika panganggenipun Basa Jawi :
1.         Campur kode
a.         Homogen: mboten campur kode.
b.        Heterogen: ngginakaken basa ingkang dipuncampur / campur kode. (utaminipun dipun gunakaken tiyang mudha/nem-neman).
2.         Alih kode
Gantos amargi empan papan/kawontenan.
3.         Kirang ngembaka
Basa Jawi ing wekdal menika ajinipun kirang lan wonten  bebrayan agung kawastanan kirang ngrembaka, jalaran keterak: kolokial, down float, rural.
a.         Kolokial
Kolokial inggih menika namung kaginakaken wonten ing informal saha lokal.
b.      Down float
Amargi mlorot ajinipun, kathah pamanggih bilih basa Jawi boten saged kangge jaminan gesang bebrayan (masa depan), kamangka pamanggih kasebat tasih perlu dipuntaliti malih kanthi titi lan permati.
c.       Rural
Wonten pamanggih basa Jawi kirang bergengsi, sipatipun ndesani. Ajrih dipun sebat ketinggalan jaman.

C.      Jinising unggah-ungguhing Basa
Adhedasar tembung (leksikon) kaperang 3: ngoko, madya, krama.  Nanging, sopan-santun ing bab basa (linguistic etiquette), kaperang 3 inggih menika:
1.         Low honorifics, tegesipun sopan santun ingkang andhap.
2.         Midle honorifics, tegesipun ingkang cekapan utawi samadya.
3.         High honorifics, tegesipun sopan santun ingkang inggil (ngurmati sanget).
Kaperang saking jinisipun uanggah-ungguhing basa inggih menika ingkang kaping pisan :
1.         Basa ngoko
a.        Ngoko lugu
Antun Suhono (1953: 9-10) ngandaraken bilih basa ngoko lugu menika tembungipun ngoko sedaya.
Tandha / tetengeranipun:
-          Aku: aku (tetep).
-          Kowe: kowe (tetep).
-          Ater-ater: dak/tak, kok/ko, di.
Tuladha : Tiyang sepuh dhumateng anak :
·        Bapak    : “Kapan sik bali?”
·        anak       : “Wau enjang Bapak, jam 8 langkung 5 (08.05)”.
b.       Ngoko andhap
Ngoko andhap kaperang dados 2, inggih menika:
1)        Antya basa
Basa ngoko andhap antya basa menika wujudipun tembung ngoko kecampuran tembung krama inggil.
Tandha / tetengeranipun:
-       Aku: mboten ewah (tetep).
-       Kowe: kagantos penjenenganmu, kiraka, kangmas, sliramu, adhi, dimas.
-       Ater-ater: dak/tak, kok/ko, di, tetep kemawon.
Tuladha : “Adhik arep ditumbaske wedhus, njih ta Pak?”
2)        Basa antya
Basa antya menika wujudipun ngoko, dipuncampuri tembung krama lan krama inggil.
Tandha / tetengeripun:

Tuladha : “Adhik arep dipundhutake menda ta, Pak?
2.         Basa madya
a.       Basa madya ngoko
Basa madya ngokotembung madya ingkang kacampuran tembung ngoko.
Tandha / tetengeranipun:
-          Aku: kagantos kula.
-          Kowe: kagantos dika.
-         Ater-ater: dak/tak kagantos kula, kok/ko kagantos dika, di, -tetep.
Tuladha : “Empun kula pilihi sik apik-apik, ampun dika enyang nggih?
b.      Basa madya krama
Tembunng madya kacampur tembung krama.
Tandha / tetengeranipun:
-          Aku: kagantos kula.
-          Kowe: kagantos samang.
-         Ater-ater: dak/tak kagantos kula, kok/ko kagantos samang (mang).
Tuladha : “Njenengan napa pun mundhutke rasukan adhine Warti dhek wingi sore?
c.       Madyantara
Tandha / tetengeranipun:
-          Aku: dipun gantos kula.
-          Kowe: dipun gantos sampeyan (samang).
-          Ater-ater: tak/dak dipun gantos kula, kok/ko dipun gantos samang (mang), di tetep.
Tuladha : “Enggih, nanging saniki kula mang paringi yatra.
3.         Basa krama
a.       Mudha krama utawi krama alus
Basa ingkang luwes sanget, jalaran saged kaginakaken dhumateng sadhengah tiyang, boten wonten awonipun.
Tandha / tetengeranipun:
-          Aku: dipun gantos kula.
-          Kowe: dipun gantos panjenengan, panjenenganipun, kangmas.
-          Ater-ater: tak/dak dipun gantos kula, kok/ko dipun gantos panjenengan, sampeyan.
Tuladha : “Ibu, pangapunten menawi kepareng Adek nyuwun dipundhutaken buku.
b.      Kramantara utawi krama lugu
Basa kramantara menika tembungipun krama sedaya boten kacampuran krama inggil.
Tandha / tetengeranipun:
-          Aku: dipun gantos kula.
-          Kowe: dipun gantos sampeyan.
-          Ater-ater: tak/dak dipun gantos kula, kok/ko dipun gantos (panjenengan, sampeyan), di dipun gantos dipun.
Tuladha : “Punapa saged  buku niki kula ampil?
c.       Wredha krama
Basa wredha krama menika meh sami kaliyan kramantara, boten kacampuran krama inggil, wondene bedanipun wonten ater-ater di lan panambang e/ake.
Tandha / tetengeranipun:
-          Ater-ater: di tetep kemawon.
-          Panambang: e/ake tetep kemawon.
Tuladha : Nak Trisna, sampeyang mangke dipunpurih numbasaken buku kangge Mas Widhi.
d.      Krama inggil
Basa krama inggil menika tembunge krama sedaya, kacampuran krama inggil.
Tandha / tetengeranipun:
-          Aku: kagantos kawula, abdidalem kawula.
-          Kowe: kagantos panjenengan dalem, sampeyan dalem (tumuju dhumateng ratu).
Tuladha : “Sarehning sampun katuran unjukan, kasumanggaaken.
e.       Krama desa
Basa ingkang tembung-tembungipun krama, kacampuran utawi kamomoran tembung-tembung krama desa.
Tandha / tetengeranipun:
-            Tembung sesulih kowe lan ater-ater ko/kok kagantos tembung sampeyan.
-            Namahing kitha utawi panggenan dipun kramakaken.
Kadosta: semarang  (semawis), bayalali (bajulkesupen),  salatiga (salatigen).
Tuladha : “Mbakyu wingin mundhut kwangsul wonten pundi?

DAFTAR PUSTAKA
Sutardjo, imam. 2014. kawruh basa saha kasusastran Jawi. Surakarta: bukutujju.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar